Thenguk-thenguk ana ing “pojok sejarah”

Thenguk-thenguk ana ing “pojok sejarah” sinambi crita babagan sejarah kaya-kaya ora ana enteke. Mbah Sastra uga nate disujarahi karo mbahku dhewe babagan ing tanah Jawa kene nate dijajah dening walanda kang suwene maabad-abad. Kabeh mau mung pingin ngrebut palungguhan utawa panguasa.

Ning ya tenan kok, ana ing pojok sejarah iki mbah Sastra bakal mbuka sacara blak-blakan babagan sejarah rikala jaman durung ana walanda mlebu ing tanah Jawa, bab rebutan panguasa utawa palungguhan kuwi wis ana yaiku wiwit jaman krajan utawa kerajaan.

Ana ing kene mbah Sastra banjur kepingin crita marang para pandhemen sejarah, yen jaman dhisik ana ing tanah Jawa iki ana sawijining priya kang kawentar. Priya iki pranyata priya isih keturunan trah krajan Kartosura kang asma Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara.

Mbah Satra duwe rasa melas banget dene Kanjeng Arya Mangkunegara kena ing pitenah. Penjenengane dipitenah marang kanjeng ratu lan patih Danureja. Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara dipitenah dhemenan karo garwa selire Pakubuwono II kang asma Mas Ayu Larasati. Banjur dadi dledah ana ing krajan, pungkasane KPA Mangkunegara karo garwane dibuang ana ing Srilangka/Caylon dening Walanda. KPA Mangkunegara ninggal anak telu kang aran Raden Mas Said, Raden Mas Ambia lan Raden Mas Sabar.

Carita iki saya suwe ndak gawe supaya para pandhemen sejarah saya gregetan. Ing pojok sejarah ini nyaritakake rikalane Raden Mas Said, Raden Mas Ambia lan Raden Mas Sabar ditinggal keng rama lan ibune ana ing pambuangan, uripe RM Said lan sadulur-sadulure rekasa banget. Mlarat kaya dene wis ora ana pengarep-arepe. Lan uripe Raden Mas Said kaancam dening patih Danurejo marga patih Danureja kaweden dening Raden Mas Said lan sadulure bakal mbales apa sing ditindakake patih Danureja. Pancen patih Danureja duwe watak budi candala wis gawe pitenah marang Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara isih uga pingin nyilakani Raden Mas Said.

Uripe Raden Mas Said, Raden Mas Ambia lan Raden Mas Sabar melas lan rekasa banget marga pokale kanjeng ratu lan patih Danurejo. Genea bocah isih umur 2 tahun ditinggal keng rama lan ibune marga pitenahe kanjeng ratu lan patih Danureja.

Kacarita ing sejarah suwe-suwening lampah Raden Mas Said dadi wong kang dewasa. Raden Mas Said karo sadulur-sadulure bareng-bareng nglawan panjajahane Walanda. Raden Mas Said dikancani karo Sutowijaya kepener ponakane patih Danureja bareng-bareng ngrebut panguwasane Walanda ana ing tanah Jawa iki kawiwitan saka Kraton Kartosura.

Raden Mas Said bisa mrejaya wong-wong Walanda. Ora sithik wong Walanda kelangan para prajurite kaprejaya dening Raden Mas Said lan kanca-kancane. Saking akehe prajurit sing mati yen ngadhepi perang karo Raden Mas Said banjur Raden Mas Said kawentar ana ing tanah Jawa kanthi sebutan “Pangeran Samber Nyawa”.

Para pandhemen sejarah yaiku caritane mbah Sastra sing durung rampung, marga yen ndak rampungake dawa banget. Mbesuk bae yen simbah kober ndak terusake caritane Raden Mas Said kang dinobatake dadi Pangeran Samber Nyawa lan Pangeran Perangwadana Pamot Busur anggone ora sarujuk karo Pangeran Mangkubumi (S.W).