Carita Kang Sinerat Ana Ing Sejarah Kuno

widodos2

Dening Mas Franc. X. S. Widada Sastra Prasetya Tinaya

Nyaritakake mangsa kala kalaning jaman pancen nyenengake. Kalebu caritaning sejarah kang ana gayutane karo krajan ing tanah Jawa. Sithik babagan Krajan ing tanah Jawa ngilingake yen ndhisike ana krajan kang kasebut Krajan Mataram Kino utawa Kerajaan Mataram Kuno. Krajan Mataram Kino uga diarani Krajan Mataram Hindu kang wiwitane saka jaman Hindu lan Budha.

 Yen miturut prasasti Mantyasih saka asmane Dyah Balitung ing tahun 907 M, pranyata ana ing prasasti kuwi disebutake yen ratu kang sepisanan (Rahyang Ta Rumuhun Ri Medang Ri Poh Pitu) Krajan Medang yaiku Prabu Sanjaya kang nduweni gelar Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya.

Sanjaya iki sing bisa uga diarani sing ngedekake Krajan Medang/Kerajaan Medang banjur diterusake dening Rakai Panangkaran mula bukane panguasane Wangsa Syailendra. Carita sejarah iki dawa banget yen dicaritakake katon nyenengake mergane nganti tekane krajan Medang kang pungkasan kang jumeneng ratu yaiku Dharmawangsa Teguh.

Sejatine sing jenenge prasasti iku akeh banget, kang bisa kanggo bukti ananing kahanan kang nyata. Kanggo conto bae kajaba prasasti Mantyasih uga ana prasasti Canggal sing digawe tahun 732 M dening Rakai Mataram Sang Ratu Sanjaya kang nerangake yen ndhisike ana krajan/kerajaan kang jenenge durung jelas. Nanging ana ing prasasti kono nyebutake yen ndhisike ana raja kang mimpin ana ing tanah Jawa sadurunge Sanjaya dadi raja ing Medang/ Mataram Kuno. Raja iku sing nduweni jeneng Sanna utawa kasebut Sena utawa Bratasenawa. Dheweke ratu Krajan Galuh sing kaping III.

Banjur sapa ta Sanna utawa Sena/Bratasenawa iku? Carita kang ana gayutane karo sejarah iki bisa diterusake ana ing carita sabanjure sing bakal ndak tulis kanthi erah-erahan Maca Sejarah Nguri-Nguri Budaya.