Ana ing gedung Pemuda Ambarawa ana apa?

ambGek tanggal , 17 tekan 22 Maret 2016 kantor BPCB Jateng Prambanan nganakake pameran ana ing gedung Pemuda Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kanthi ing pangajab muga-muga akeh sing padha ngrawuhi utawa nekani. Ning ya tenan, ana ing acara pameran cagar budaya pranyata akeh banget pengunjunge. Kurang luwihe meh 2500 wong pingin padha mangerteni wujude pameran cagar budaya kuwi.

Sing rawuh katon padha bungah atine ndhatengi acara pameran cagar budaya ana ing gedung Pemuda, marga antuk wawasan babagan peninggalan ing jaman kuno. Akeh para murid saka sekolah-sekolah sing ana sakiwa tengene Ambarawa sing padha nekani anane pameran cagar budaya. Meh saben dinane ana sing nekani dadi ora katon banget anggone sepi. Nanging rame gayeng lan guyup.

Ana ing pambukaning acara pameran uga dirawuhi para pejabat pamarintahan kang sinedahan, kang murwakani anane acara pameran. Katon rame lan gumyak ana sajroning pambukaning acara pameran cagar budaya kang diadani ana ing Ambarawa. Marga saka kantor BPCB Jateng anggone nyambut gawe bebarengan karo instansi-instasnsi liyane, saengga bisa kaleksanan kanthi apik lan gayeng.

Gambar poto ing ndhuwur kuwi rikalane Bapak Kepala Kantor BPCB Jateng karo para kanca ambabar katresnan poto bebarengan sadurunge acara pameran cagar budaya diwiwiti. Ngatonake yen para paragane sing nyambut gawe isih nguri-nguri busana tradisional, senajan ing poto kancane mbah Sastra ora gelungan, ning ya ora dadi apa sing penting wis gelem nganggo kebaya.

Pameran cagar budaya kang dianakake ana ing Ambarawa iku njupuk thema “Pelestarian Cagar Budaya Menuju Masyarakat Berbudaya Dan Sejahtera”. Thema iki sing dadi ancase supaya kanthi tresna marang kabudayan bisa nguri-nguri tinggalan para leluhur kang winasis kanggo bisa ngasilake woh kang migunani tumrah urip ana satengahing masyarakat (SW).