Hardiknas, BPCB Jateng Mucal Ing SMA I Prambanan

dinas1 Untitled-1

Ing dina Anggara Palguna tanggale kasebut tanggal 3 Mei 2016, ing dina iku kantor Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah ngenengake acara “Pemberian Pelajaran Tentang Kebudayaan” ana ing sekolah SMA 1 Prambanan, Klaten.

Acara kang diadani kanthi erah-erahan “Nyalakan Pelita, Terangkan Cita-cita”, nerangake babagan kang wigati tumraping pasinaune para siswa-siswi sing kudu nduweni greget utawa semangat kanggo mekaring pendidikan ing Indonesia. Karana kuwi kabeh para murid bisa dadi generasining panerus kang bisa mbangun bangsa Indonesia samsaya maju.

 

Kanthi thema “Kembali ke Sekolah” mujudake karenaning para abdine nagara nggambarake rikalane isih ana ing pasinaun, banjur kaya-kaya dene pinging ngrasakake maneh ana ing pasinaun.

Ing acara “Pemberian Pelajaran Tentang Kebudayaan”, para siswa-siswi SMA 1 Prambanan kawulang bab budaya Indonesia kang adi luhung.

Sing antuk pembelajaran tentang kebudayaan ana ing SMA 1 Prambanan kasebut, saka siswa-siswi jurusan bahasa lan jurusan sejarah. Katon gayeng lan antusias banget, para murid anggone padha nyengkuyung anane acara “Pemberian Pelajaran Tentang Kebudayaan”.

 

Rikala sadurunge acara dilekasi, Bapak Kepala Kantor Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah maringi sambutan ana ing sajeroning kelas. Ana ing acara sambutane Bapak Kepala Kantor Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah, katon gayeng lan nyenengake katitik saka panyorake para murid.

Bapak Kepala Kantor Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Tengah nerangake wigatine acara marang para murid. Bapak Kepala ngendikakake karana Hari Pendidikan Nasional 2016 kanthi erah-erahan Nyalakan Pelita, Terangkan Cita-Cita lan ditegasake kanthi thema “Kembali Ke Sekolah”, Bapak Kepala Kantor BPCB Jateng nerangake babagan peninggalan sejarah. Sithik nyariosake caritane

 

Bubusa lan Dagang Aking sing golek dalan swarga.

Pungkasane acara sambutan, bapak kepala kantor BPCB Jateng nyaosake tandha mata kang arupa buku kang dicaosake dening bapak wakil kepala sekolah minangka kenang-kenangan.

 

Sawise acara sambutan rampung, banjur para murid diwenehi pelajaran babagan kabudayan. Bapak Putu Dananjaya kadhapuk minangka gurune. Ada apa dengan cagar budaya? Iki judul sing sapisanan ditakokake ibu Aprilia sing disingkat AADCB marang para murid.

Banjur bapak Putu Dananjaya minangka gurune nerangake bab sakabehing budaya sing wis kasusun ana ing program kasebut.

Sing dinggo bahan seserepaning ngilmu para murid diterangake babagan heritage is in young hand. Warisan Indonesia sing ngemot warna-warna perangan yaiku :

  • menceritakan jenis-jenis budaya kang bisa disinau saka anane patung, fosil, bangunan lan struktur.
  • Kawasan cagar budaya
  • Pengenalan candi Plaosan kang ngemot intining karukunan umat kang ngrasuk beda agama utawa toleransi.
  • Dongeng relief cerita Monyet dan Buaya di candi sojiwan.

Ana ing kene ana sawijining siswi sing aran Ester jurusan sejarah dikon maju maca dongenge monyet lan buaya sing katatah ana ing relief candi Sojiwan. Sawise maca rampung siswi banjur antuk hadiah kang arupa buku Sojiwan.

  • Cerita tentang Bangau dan Kura-kura. Sing nerangake babagan mentaati tata tertib akan merasa nyaman.
  • Bangsa Indonesia bangsa yang religius.
  • Indonesia kaya akan hasil bumi. Minangka conto pabrik gula.

Sawise kuwi kabeh diterangake, banjur diadani kuis. Sing oleh hadiah ana ing acara Pemberian Pelajaran Tentang Kebudayaan yaiku:

  1. Eka hadiah kaos.
  2. Diyah Ayu hadiah buku Kereta Api.
  3. Arya Karmila hadiah buku Kereta Api.
  4. Desi Intan hadiah kaos.
  5. Okta laila hadiah buku Sojiwan.
  6. Aprilia hadiah buku Sojiwan dan buku Kereta Api.
  7. Alfira hadiah buku Kereta Api.
  8. Desi Intan hadiah sing kaping pindhone buku Kereta Api.
  9. Aulia hadiah bukua Sojiwan.

 

Karana hadiah sing diwenehake para murid dadi samsaya nambahi regenge swasana. Gegandhengan acara kuis wus rampung banjur acara ditutup. Sadurunge kabeh padha pamitan arep bali makarya ana ing kantor diadani poto beberaengan ana ingarep kelas.

Kanggo catetan, pranyata kanthi acara kasebut ing ndhuwur, katon banget yen murid-murid kurang seserepan babagan kabudayan khususe bab candi.